Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kabupatèn Karanganyar iku salah siji kabupatèn ing
Jawa Tengah, lokasiné ing sisih wétan, kutha
Karanganyar iku
ibukutha kabupatèné, kutha-kutha liyané : ---, lan liya-liyané. Luas wilayah Kabupatèn iki ± 772,20 km2 utawa --- hèktar.
Taun 1847 Karanganyar minangka sawijining wilayah kawedanan saka Kadipaten Mangkunegaran saliyané Kawedanan Wanagiri lan Malangjiwan, saben kawedanan mau dipimpin déning Bupati Anom utawa Wedana Gunung, dibantu déning Panewu Gunung sing mbawahi pamarintahan Kapanewon (Kecamatan). Panewu Gunung dibantu déning Mantri Gunung bab koordinasi pamarintahan desa.
Taun 1903 diadegaké Kabupaten Anom Kutha Mangkunegaran, nyakup wilayah kutha Sala bagéyan lor,
Wanareja,
Kaliyasa, lan
Calamadu. Reorganisasi wilayah Kadipaten Mangkunegaran diayahi kanthi Kaputusan Sri Mangkunegara VII ngenani madegé Kabupaten Wanagiri lan Kabupaten Karanganyar. Tanggal 18 Nopember 1917 KGPAA Mangkunegara VII ing Kabupaten Karanganyar nglantik KRT Hardjohasmoro minangka Bupati Karanganyar. Miturut Rijksblaad Mangkoenegaran taun 1923 no.10 Kabupaten Karanganyar dipérang dadi telung wilayah kawedanan 14 wilayah kapanewon (kecamatan)
Taun 1930 Kabupaten Karanganyar dibusak lan sacara administratif dilebokaké jroning wilayah Kabupaten Kutha Mangkunegaran kanthi angkah tujuwan supaya pengelolaan bab perkebunan-perkebunan kagungan Mangkunegaran luwih efisien lan efektif.
Ing mangsa pendhudhukan
Jepang (1942-1945), dhaérah Karanganyar isih disebutaké minangka kawedanan, bagéyan saka Kabupaten Kutha Mangkunegaran, mung jabatan lan wewengkoné diganti nganggo istilah/basa Jepang.
Sawisé Proklamasi Kamardikan tanggal 17 Agustus 1945, Presiden RI ngetokaké Piagam Kedudukan sing netepaké Sri Susuhunan Paku Buwono XII lan Sri Mangkunegara VIII, minangka Kepala dhaerah Kasunanan Surakarta lan Kepala Daerah Mangkunegaran.
Ing pungkasan taun 1945 ing Surakarta muncul gerakan anti Swapraja sing ngembang nganti tekan Karanganyar, Sragèn, Klathèn, Bayalali, Wanagiri lan
Kutha Surakarta sing nyatakaké uwal saka Pamarintah Swapraja. Bab iki antuk tanggapan saka Pamarintah Pusat kanthi nerbitaké Penetapan Pemerintah No. 16/SD Taun 1946 sing antara liya netepaké dhaerah-dhaerah kasebut kagabung jroning Karesidenan Surakarta sing dipimpin déning Residèn.
[1]
Kabupatèn Karanganyar dumunung ing bagéyan kidul-wétan Propinsi
Jawa Tengah,
Indonesia. Wewatesan karo Propinsi
Jawa Wétan ing sisih wétan,
Kabupatèn Sragèn ing sisih lor,
Kabupatèn Wanagiri lan
Kabupatèn Sukaharja ing sisih kidul lan
Kutha Surakarta lan
Kabupatèn Bayalali ing sisih kulon.
[sunting] Lokasi Geografis
Kabupatèn Karanganyar dumunung antara 110°40’ - 110°70’ BT lan 7°28’ - 7°46’ LS. Dhuwuwé lemah watara 511 meter saka lumahing segara nduwèni iklim tropis kanthi suhu rata-rata 22°-31°.
Miturut data saka 6 stasiun pangukur sing ana ing Kabupaten Karanganyar, cacahing dina udan jroning taun 2006 yakuwi 78 dina kanthi rata-rata curah udan 1.817 mm, lan curah udan paling dhuwur ing sasi Januari lan paling cendhèk sasi Juni nganti Oktober.
[sunting] Jembar wewengkon
Jembar wewengkon Kabupaten Karanganyar yakuwi 77.378,6374 Ha, dumadi saka lemah sawah 22.844,2597 Ha lan lemah garing 54.534,3777 Ha. Pesawahan dumadi saka irigasi teknis 7.872,6323 Ha, 1/2 teknis 6.144,2939 Ha, prasaja 7.134,1251 Ha lan tadhah udan 1.693,2084 Ha. Sawetara kuwi jembar pekarangan / bangunan 20.732,4406 Ha, tegalan / kebun 17.937,0211 Ha. lan perkebunan 3.251,5006 Ha.
[2]
[sunting] Pemerentahan
Kabupaten Karanganyar ketata saking 17
kecamatan, ---
kelurahan lan ---
desa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupaten Karanganyar yaiku:
[sunting] Mangga Kapurih Ugi Mriksani
[sunting] Pranala Jaba