Cari Blog Ini

Rabu, 15 Desember 2010

Anak Lanang

Mak iki lho anakmu lanang,..
Awit cilik nyandang kesusahan,.
Anakmu neng perantauan,.
Dadi korban pencari gawe'an


Mak iki lho anakmu lanang,..
Saben wengi ra iso turu tenan,.
Dongo'o mak mogo oleh pegawean,.


Koyo ngene rasane wong ra duwe,..
Ngalor ngidul di'ece tanggane,.
Pancen awak'e dewe wong ra duwe,.
Saben Wengi mung ngelus dadane,..

Mak dongo'mu mandi tenan,..
Di'ijabahi karo gusti pangeran,.
Anakmu neng perantauan,.
Urip mulyo, kecukupan sandang pangan,.

Anakmu neng perantauan,..
Urip mulyo bakal calon juragan,.
AMIIIIN,.


Created By edymaulana69.blogspot.com

Tidak ada komentar: